PURBALINGGA – Lapangan Montor Mabur (Bandara) Jenderal Besar (JB) Soedirman Purbalingga detarjet rampung bada taun kiye. Butul 10 Januari 2021 pembangunane wis 83,84 persen.
Kuwe mau dengendikaken nang Direktur Utama PT Angkasa Pura II, M Awaludin liwat Video Conference, Senin (18/1) kambi Bupati Purbalingga, Menteri Perhubungan, Dirjen Perhubungan Darat lan Dirjen Perhubungan Udara.
“Kemajuan olehe mbangun Bandara JB Soedirman butul 83,8350%. Angger depasna kambi rencana kontrak, kudune nganti 99,5001%. Dadi ana deviasi -15,6652%,” ujare dhekne.
Dhewekne njelasna, babagan sisi udara, pegawean fisik Runway 30 x 1.600 meter uwis rampung 100%. Semono uga bagian pegawean fisik Apron lan Taxiway uga wis rampung 100%. Sewetara kuwe, pegawean fisik liyane, ya kuwe dalam nggo liwat Pertolongan Kecelakaan Penerbangan dan Pemadam Kebakaran (PKP-PK) nembe tekan 43,19%.
“Angger miturut jadwal, nek nggo ngrampungna kabeh pegawean, paling ora butul Maret 2021,” ujare.
(Waca Uga : Bandara JB Soedirman Perlu Penanganan Khusus)
Awaludin nambahi, ana babagan sing marakna olehe mbangun mandan alon. Ya kuwe togor listrik, ana monumen pesawat sing nggangggu pembangunan saluran garis runwah sisih lor.
Kejaba kuwe uga butuh penguatan struktur nang pucuk landasan sing nang sisih tebing Kali Serayu nggo njaga lemah men tetep anteng. Ana uga kahanan saluran sing butuh derumat maning. Curah udan sing kerep uga dadi kendala.
“Curah udan sing kerep marakna nganggu pegawean. Kaya pegawean infrastruktur, cut and fill, nggawe drainase kan pegawean babagan kelistrikan nang sisi udara,” ngendikane dhenke.
Secepete
Bupati Purbalingga, Dyah Hayuning Pratiwi ngarep-arep menawa Lapangan Montor Mabur Bandara JB Soedirman teyeng dienggo nang wektu cedhek kiye. Apa maning sedhela maning arep bada, dadi montor mabur bisa operasi nang bandara kuwe.
“Angger bisa denggo secepete, dadi faedahe bisa deraksakna nggo ngunggahna aktivitas sosial kan ekonomi nang Purbalingga lan seklinthungane,” ujare Tiwi.
Tiwi uga nyuwun maring Kementerian Perhubungan, nek Angkasa Pura 2 uga nggenepi fasilitas persyaratan supaya bandara teyeng beroperasi. Kayata terminal, lapangan parkir, landmar, gerbang bandara lan fasilitas liyane. (ri-4)