DINA Rebo tanggal 25 September winginane, jamaah kaji sekang Kabupaten Banyumas ditampa dening Bupati Banyumas Ir H Achmad Husein nang pendapa Sipanji. Jamaah kaji sing jumlahe kurang lewih 1.250 wong kuwe, wis bali nang tanah air antarane tanggal 7 – 8 September kepungkur.
Nang pendapa Sipanji kuwe mau, jamaah haji Banyumas sing wektu nang Tanah Suci diurusi dening Kementerian Agama, sewise rampung, padha kondur slamet waras tekan ngomah, dipasrahna maning maring Bupati.
Sewise ditampa, jamaah kaji sekang Kabupaten Banyumas, dening Bupati banjutan dipasrahna maning maring keluargane. Bupati ngucap syukur lamona kaji taun 2019 bisa kelaksana lancar lan aman.
Ewodene ana sing baline esih nggawa watuk, jerene lumrah. Mergane nang Arab sing ora watuk jere mung unta.
Anane jamaah kaji dikumpulna nang pendapa, uga dadi srana kanggo silaturahmi, reuni lan kangen-kangenan. Pirang-pirang crita sing nyenengna uga ana sing ndoresani, selawase nang Tanah Suci. Salah sijine jamaah kaji sing sekamar crita lamona kangen banget karo mendoan.
”Kapanane bali, pokoke agep mangan mendoan seporete. Jyan banget kangene karo mendoan,” omonge kanca batir sing daleme nang Purwakerta.
Lombok Cengis
Wingi pas ketemu nang pendapa Sipanji, kanca batir kaji kuwe mau crita, ”Dog ngumah, ora ana liya, panganan sing tak goleti mendoan. Sedurunge tekan omah wis pesen karo bocah, pokoke bali kudu ana mendoan. Jyan keturutan temenan, dog ngumah wis disandingi mendoan rong piring karo lombok cengis,” critane kanca batir sing banget kangene kambi mendoan.
Senajan gawan watuke sekang Arab esih ngukluk, jere kanca mau, ”Wong kaji angger bali watuk wis lumrahe. Dadi senajan watuk, mendoan sing wis dadi klangenan tetep bae dipangan. Kene wis banget kangene karo mendoan kooh,” jere kanca batir sing sekamar lagi nang Mekah lan Madinah.
Nang Arab pancen ana sing adol tempe. Ning tempe sing didoli nang cedhek hotel utawa pondokane, beda karo tempe mendoan. Tumrape wong Banyumas sing klangenane mendoan, tetep bae kurang pas senajan padha-padha tempene.
Mulane aja dipaido senajana watuke ngukluk lan dipenging dokter aja mangan sing lenga-lengaan dhisit, tetep bae bali kaji dog gutul ngumah sing digoleti mendoan.
Muga-muga bae siki jamaah kaji sing wis padha kumpul maning kambi keluarga wis padha bisa nyicipi mendoan. Kangene maring panganan khas Banyumas wis keturutan.
Sing lewih penting, muga-muga bae kabeh jamaah kaji Banyumas padha ketampa ibadah kajine lan dadi kaji sing mabrur. Sewise bali, gole ngibadah tambah sregep maning. Lewih sregep timbang sedurunge mangkat kaji. Lan moga-moga bae pak kaji lan bu kaji bisa njaga kemabrurane haji. Aamiin… ya robbal ‘alamin. ()