DINA Kemis (10/12/2020) awan, kanca batir telpon lamona dheweke lagi melu nyekseni pernah adhine sing melu njago Wakil Bupati nang salah sijine coblosan bupati nang Jawa Tengah.
”Pasangane adhikku sekang hasil etungan cepet (quick qount) unggul. Pancen menange tipis, mergane karo lawane pekolehan bithinge ora kacek adoh, Kaceke mung pirang atus bithing,” critane kanca batir kuwe mau.
Mung bae, ujare maning, sekang lawane uga ngomongna menang. Malah pekolehan bithinge unggul sepersen. ”Lha deneng siih kabeh-kabeh njaluk menang. Kiye si kepriwe ya ?” pitakonane kanca batir.
Lagi dina Rebo (9/12/2020) nembe bae ana coblosan, yakuwe pilkada serentak kanggo milih kepala daerah, Gubernur/Bupati/Walikota. Nang Jawa Tengah pilkada serentak 2020 ana nang 21 kabupaten/kota. Sekang 21 pilkada kabupaten/kota kuwe mau, ana enem kabupaten/kota sing calone tunggal. Merga calone mung sepasang, banjutan dilawanaken kotak kosong.
Angger nang tlatah eks-karesidenan Banyumas, sing nganakna pilkade utawa kabupaten sing duwe hajat coblosan milih Bupati/Wakil Bupati, mung Kabupaten Purbalingga.
Nang Kabupaten Purbalingga, pilkada dipeloni nang rong pasangan, yakuwe pasangan nomor urut 1, Muhammad Sulhan Fauzi-Zaini Makarim Supriyatno (Oji-Jeni) kambi pasangan nomor urut 2, Dyah Hayuning Pratiwi-Sudono (Tiwi-Dono).
Kaya dene nang kabupaten/kota liyane, pilkada nang Purbalingga uga ana quick qount utawa etungan cepet ora resmi sekang lembaga survei. Manut kasil etungan cepat lembaga survei internal partene, pasangan Dyah Hayuning Pratiwi-Sudono, kanggo sementara persenane etungan suarane lewih unggul, yakuwe olih 295.605 suara (56,02 %). Lawane pasangan Oji-Jeni olih 232.038 suara (43,98 %).
Senajan urung resmi, ning sekang partai sing ngusung uga sekang jagone dhewek wis ngeklaim dadi jago sing memang nang pilkada. Olih 56,02 persen bithing, Tiwi maturnuwun banget karo masyarakat sing wis aweh bithinge nggo pasangan nomor urut 2 nang Pilkada Purbalingga.
(Baca Juga : Pilkada Purbalingga, Tiwi: Terima Kasih Mas Oji-Jeni )
Pekolehan suara antarane pasangan Tiwi-Dono kambi Oji-Jeni, kaceke meh 12 % dewek. Biasane sing uwis-uwis, etungan cepet sekang lembaga survei karo kasil etungan manual sekang KPU sing nggo dasar resmi nentokna sapa sing menang, ora mleset.
Sing genah babagan klaim utawa ngaku menang wis dadi lagune nang sejrone coblosan. Nang Pilkada Purbalingga pancen nembe pasangan Tiwi-Dono sing wis ngeklaim menang. Ning nang kabupaten liya sing pekolehan bithinge ora akeh kaceke, padha-padha ngeklaim dadi sing menang.
Sing aran padha ngeklaim dadi sing menang dening jago utawa parte nang sejrone coblosan kelebu seni politik lan watek politik sing tegese ora gampang nyerah. Sedurunge ana putusan sapa sing menang diumumna nang KPU, esih ana celah kanggo nunda ngaku kalah.
Biasane angger kaceke ora akeh, seumpama ora trima kasil etngan bithing kuwe mau bisa diajukan maring Mahkamah Konstitusi (MK). Angger ngasi digawa maring MK banjutan sidang, keputusan MK bakal ngikat lan wis ora bisa diganggu gugat maning.
Sing becik, sewise kasile diumumna dening KPU sapa sing menang, sukur bage bisa ditampa dening kontestan sing melu pilkada. Sing apik nang sejrone coblosan kuwe ora mung wani menang thok, ning uga wani kalah.
Sing menang ora gemedhe, naing malah ngrangkul maring sing kalah. Terus sing kalah aja banjutan nduweni rasa dendam. Sewise plkada rampung antarane sing memang kambi sing kalih bareng-bareng maning mbangun daerah kanggo ningkataken kesejahteraane warga masyarakat. (*)