
BAR Pembatasan Sosial Berskala Besar (PSBB) rampung diterusna Pemberlakuan Pembatasan Kegiatan Masyarakat (PPKM), sing tujuane kanggo nyegah semebare Covid -19.
Siki PPKM wis rampung lagi tanggal 8 Februari, jebul esih ana terusane. Siki diarani PPKM skala mikro sing dilabuhi kawit tanggal 9 Februari butul 22 Februari 2021.
”Malah nang PPKM mikro gole ngetrapna program nyegah semebar Covid-19 bakale ditrapna butul RT/RW. Dadi mengko unggal RT ana Satgas kaya lagi gemiyen anyar-anyar Covid-19,” ujar kanca batir sing melu kumpulan babagan PPKM Mikro kuwe mau.
Anane PPKM mikro ditrapna tujuan utamane kanggo ngerem semebare positif Covid-19. Angger unggal RT/RW digawe Satgas Covid, jere dadi lewih gampang gole ngawasi, nglari lan nambani utawa sing siki diarani 3T (Testing, Tracing, Treatment).
Salah sijine kanca batir sing melu dadi pengurus RT ngomong angger ditetepna zonasi utawa wilayah PPKM nang RT, pancen dadi lewih gampang gole ngawasi utawa ngendalikna lan gampang nindakna 3T.
(Uga Diwaca: Aturan PPKM Mikro Lebih Longgar, Perekonomian Tetap Berjalan, Asal…)
”Sing dikawatirna angger PPKM ditrapna, unggal RT/RW ana Satgas Covid, terus gili karo gang nang RT padha diportali. Arep liwat padha kangelan. RT-ne padha sekarepe dhewek orang urusan kambi tangga RT,” ujare kanca batir sing dadi pengurus RT.
Kedadean gili lan gang padha diportal wis tau kelakon pas lagi anyar-anyare ana Covid-19. Ora mung sederma di portal, nang ngarep gili utawa gang mlebu RT/RW uga dijaga.
Nggawa Virus
Wong sing agep mlebu wilayah RT/RW dipriksa kambi disemprot disinfektan. Ora sembarang wong bisa merdayoh merga kewatir mbokan nggawa virus Corona.
Semangat warga gole ngawasi kambi mbatesi ora sembarang wong bisa merdayoh, kanggo nyegah semebare Covid-19, pancen prelu diuripna maning nang sejrone PPKM mikro.
Dadi sing diuripna maning semangat nyegah utawa ngatasi semebare Covid-19. Udu bab masang portal karo dalane dipepet. Kena-kena bae dalane diportal supayane dalan oa lidhig nggo liwat wong sekang ndi ora.
Sing lewih wigati, kuwe priwe carane supayane warga RT-ne ora pada kenang Covid. Seumpama ana sing ketularan, bisa gagiyan diatasi bisa gagiyan mari ora ngasi nulari warga liyane.
Anane PPKM skala mikro sing wilayah cakupane mung se-RT ngemu mangsud lewih gampang gole ngawasi lan kabeh padha wawuh. Merga mung se-RT, angger ana apa-apa gelis konangan lan gelis bisa ngatasi.
Kejaba kuwe, sing lewih wigati maning unggal warga masyarakat padha njaga kesehatan, manut maring protokol kesehatan Covid-19. Terus nglakoni ora mung 3M ning siki tambah 2 M dadi 5 M.
Sing 5 M kuwe yakuwe angger maune kon mencuri tangan, maskeran, menjaga jarak, siki ditambah menjauhi kerumunan lan mengurangi mobilitas.
Dadi siki kuwe ora mung cukup maskeran, masuh tangan, njaga jarak, ning uga prelu ngedoih rubungan karo ngurangi lunga-lunga utawa aja gawene ndangdeng. Angger ora prelu banget lewih becik ang omah bae. (*)