Suara Banyumas
  • BANYUMAS RAYA
    • PURWOKERTO
    • BANYUMAS
    • CILACAP
    • PURBALINGGA
    • BANJARNEGARA
  • NASIONAL
  • SERAYU
    • KLOYONG
  • OLAHRAGA
  • CABLAKA
  • URUN REMBUG
  • PROBIS
  • SUARA KAMPUS
Tidak ditemukan hasil
Lihat semua salu
  • BANYUMAS RAYA
    • PURWOKERTO
    • BANYUMAS
    • CILACAP
    • PURBALINGGA
    • BANJARNEGARA
  • NASIONAL
  • SERAYU
    • KLOYONG
  • OLAHRAGA
  • CABLAKA
  • URUN REMBUG
  • PROBIS
  • SUARA KAMPUS
Tidak ditemukan hasil
Lihat semua salu
Suara Banyumas
Tidak ditemukan hasil
Lihat semua salu
Beranda CABLAKA

Senajan Wis Decuplik Vaksin Kudu Tetap Nglakoni 5M

Anggitane : Kang Sigit Oediarto

13 Maret 2021
Kategori CABLAKA
nglakoni 5m

SUNTIK VAKSIN: Seorang jurnalis menerima suntikan vaksin Sinovac dosis kedua, di Puskesmas Purwokerto Barat, Jumat (12/3/2021)/ (SB/Dian A-2)

vaksin covid-19
Sigit Oediarto (ils)

PROGRAM vaksinasi Covid-19 wis dilabuhi kawit 13 Januari 2021 kepungkur. Sing wis decuplik utawa devaksin, senajan urung kabeh, ningen wis lumangyan akeh. Wong sing devaksin tetep kudu nglakoni 5M.

Polahe wong decuplik uga akeh sing merguyokna. Ana wong sing gagah, lengene pating pethekol, ning mbarang weruh dom suntik, ngorong-ngorong kami gilan, wedi desuntik.

Kejaba akeh polah sing merguyokna, sewise cuplikan banjutan ana pitakonan, apa angger wis decuplik Covid-19, terus ora bakal ketularan corona? Pitakonan kuwe mau kewetu mergane pancen ana kanca batir sewise decuplik pisanan, bar decuplik awake terus rumab, awake panas terus mriyang. Merga kewatir, kanca batir kuwe mau priksa maring dokter. Mbarang ditest, kanca batir kuwe mau positif Covid.

”Lha si priwe, jere wis devaksin deneng esih kenang covid,” pitakonane tangga teparo sing krungu ana wong ketularan corona sewise decuplik. Vaksin pancen dudu obat.

(Uga Dewaca :Usia Lebih dari 60 Tahun, Jurnalis ini Tak Ragu Ikut Vaksinasi)  

Vaksin kuwe zat sing nguja digawe kanggo ngrangsang supayane awak bisa kebal maring salah sijine prenyakit. Angger wis divaksin dadi ora gampang ketularan merga wis kebal. Mung bae, jere sejawat dokter, angger wis divaksin Covid-19, udu jaminan wong ora bakal ketularan corona. Mergane vaksin corona mbutuhna rong dosis suntikan.

Uga butuh wektu sewulan kanggo nyiptakna kekebelan sing ampuh maring awak. Dadi angger wis decuplik sepisan banjutan ana wong sing terus dinyatakan positif covid, merga pas devaksin wong kuwe mau, senajan keton bregas, ning wis kenang infeksi Covid-19.

Dadi sewise decuplik, wong kuwe mau ora jere kebal ning malah dadi tambah kenang Covid-19. Ning merga vaksinasi pancen wis kebukti dadi srana sing ampuh supayane salah sijine prenyakit, kaya Covid-19, ora terus mambrah-mambrah, cuplikan utawa vaksinasi bakale dadi program sing kudu dilakoni.

Vaksinasi Covid-19 agep diterusna ngasi kabeh wong bisa decuplik. Sing kudu digatekna dening masyarakat, senajan program vaksinasi terus mlaku, masyarakat ora kena lena. Tegese, masyarakat sing wis olih giliran decuplik kudu tetap manut maring protokol kesehatan yakuwe nglakoni 5M.

Senajan wis decuplik, warga masyarakat kudu tetap manut nglakoni 5M (memakai masker, mencuci tangan pakai sabun dan air mengalir, menjaga jarak, menjauhi kerumunan, serta membatasi mobilisasi dan interaksi).

BagikanTweetBagikanBagikanKirim
Sebelumnya

Ketua dan Wakil Ketua DPRD Perebutkan Kursi Ketua Askab PSSI Purbalingga

Selanjutnya

Wabup dan Ketua Fraksi Bersaing Jadi Ketua DPD Golkar Purbalingga

Selanjutnya
Ketua DPD Golkar Purbalingga

Wabup dan Ketua Fraksi Bersaing Jadi Ketua DPD Golkar Purbalingga

BERITA TERBARU

gadis bawah umur

Bawa Kabur Gadis di Bawah Umur, ES Ditangkap

14 April 2021
PTM

Lancar…. Sekolah di Banyumas Yang Akan Gelar PTM Bertambah 15

14 April 2021
utbk unsoed

14.442 Peserta Ikuti UTBK SBMPTN Unsoed

13 April 2021

Suarabanyumas.com memberikan kebutuhan informasi di wilayah Banyumas Raya, meliputi Kabupaten Banyumas, Cilacap, Purbalingga dan Banjarnegara.

Tentang Kami -  Kode Etik -  Redaksi
©2020 suarabanyumas.com
Tidak ditemukan hasil
Lihat semua salu
  • BANYUMAS RAYA
    • PURWOKERTO
    • BANYUMAS
    • PURBALINGGA
    • CILACAP
    • BANJARNEGARA
  • NASIONAL
  • SERAYU
  • OLAHRAGA
  • CABLAKA
  • URUN REMBUG
  • PROBIS
  • SUARA KAMPUS

© 2020 SuaraBanyumas.com