Kulanuwun, Sedulur..
Lur, nyong arep crita apa sing nyong alami. Kiye babagan donga. Wektu kuwe malem selasa kliwon tes manaqiban wulan Desember 2021. Rampung manaqiban nyong sowan Abah (mursyid), terus matur “Abi, tulung dongakna lah nyong bisa nganggo mobil anyar, sing esih gress”.
Abah urung mangsuli, aku esih matur, “Nyong debully neng kanca bathir, jere PNS koh, jere Ketua KPU koh (wektu kue nyong lagi Ketua KPU Banyumas), lunga2 esih motoran. Sekaline nggawa mobil, plat abang (mobil dines duweke pemerentah). Nyong kan pengin nggawa mobil sing plat ireng”.
Banjur, Abah ndonga, nyong ngamini. Abah ngendika, “Taun ngesuk ya (2022)”.
“Yes, aamiin,” jawabe nyong saking bungahe.
Singkat crita, akhire nek ora salah wulan oktober 2022 nyong wis bisa gawa mobil anyar, mobil gress esih plastikan lan plat ireng. Syukur alhamdulillah. Nyong gawa mobil plat ireng gutul siki. Kebeneran siki aku posisi ning Bawaslu Banyumas.
Nanging ana sing kurang kan. Rika pada wis paham y apa ne sing kurang. Ya, bener. Jebule, mobil anyar kuwe BPKB-ne udu jenenge nyong. hehehe. Ya dudu. Wong kue anu mobil dinas, sewaan. Negara sing mbayari. Tapi plate ireng wis bener, tapi mobil dinas. haha.
Sekang crita mau, nyong dadi sadar, nek donga kuwe kudu jelas. Bener Gusti Allah Maha Tahu, nanging nyong Rika pada sing kadang ora ngerti karepe lan kebutuhane deweke.
Ad-du’a silakhul mu’min : Doa kui senjata wong mukmin. Donga kuwe dahsyat. Nggo solusi pirang-pirang masalah. Nek wis mentok, ora ana dalan, kabeh petheng, dewek esih duwe senjata, nyuwun meng Gusti Allah. Donga lurrrr. Donga kanthi temen, ikhlas lan tulus. Donga kanthi nggrenthes (tekan poge ati), nangis, apa nggembor ya olih. Wadul lan montokna Sing Gawe Urip.
Udu donga kaya rutinitas. Ud’uni astajib lakum Nyuwun meng Gusti Allah mesti dekabulna. Donga paling apik ya dewek sing nyuwun. Nanging kadang nyong krasa ora Pede, dadi njaluk donga meng biyung, kyai, guru mursyid kaya Nyong. hehee.
Kaya kuwe disit lurrrr, dewek esih duwe senjata ampuh, ya kuwe donga. Dadi ra sah bingung, utawa mumet. Hidup itu indah dan asyik. Insyaa Allah. Klilan.
Imam Arif Setiadi
Ketua Bawaslu Banyumas